Dhek jaman biyen ing pulo bali ana raja asmane Ida bagus Sadewa. Putrane loro yaiku Gurnandha lan Ida Gurnandha lan Ida Gurnandhal. Putra loro mau luhur budine lan ditresnani dening kabeh kawula ing Bali.
Nalika semana ana upacara adat kanthi nanggap beksan sing ditindakake para wanita mudha. Idha gurnandha kepencut marang wanita sing pinter njoged, jenenge Niken Ayu Martini.
Kekarone padha tresnane, nanging sarehne beda drajat utawa kastane, kang cengkah karo adat lan agama, wusanane ora dikeparengake ramane.
Kekarone nerak adat banjur padha matu lampus dhiri.
Kahanan mau nyebabake Idha Gurnandhal sedulure Idha Gurnandha kepingin ngowahi adat tatanan sing lumaku. Jalaran ora dikeparengake banjur dadi padudon karo ramane.
Kanthi sesidheman idha gurnandhal didherekake abdine Janiul lan Jainut ninggalake Pulo Bali tumuju Pulo Jawa. Satekane ing pulo Jawa jainul lan Jainut didhawuhi Idha Gurnandhal golek papan kanggo leren.
Pungkasane jainul lan Jainut entuk panggonan kanggo leren ana ing tanjung (ujung). Nalika idha Gurnandhal, Jainul lan Jainut padha leren ing kono, ngepasi ana wong ngedum utawa mara iwak kanggo kabeh wong sing ana tanjung kono. Idha Gurnandhal, Jainul, Lan Jainut uga Keduman. Wong – wong sing ana tanjung padha keduman kabeh.
Wong – wong sing padha manggon ing tanjung katon grapyak lan sumanak. Sarehne ing tanjung (ujung), kerek kanggo mara iwak, ndadekake mula bukane papan iku dijenengake Ujung Para utawa Jung Para. Dene saiki kawentar dadi kutha Jepara.
Star Sands Casino Review | SEGA News
BalasHapusStar Sands Casino Review: Get access 바카라사이트 to an amazing experience across the entire Vegas online gaming industry. choegocasino Read here the Star Sands casino septcasino review to know